Sab. Mei 8th, 2021

Bantal

Foto ilustrasi dening : http://goodstock.photos/

Cerita cekak

Dening: Ahmad Jalidu

Bantal (Susu wutah lan dhawuhe ibu)

Sepur sing daktumpangi wis tekan stasiun kutha Bandung. Aku mudhun, bablas metu liwat sub-terminal mburi stasiun. Tawane sopir taksi, apa dene kernet angkot ora dakpaelu. Aku pilih mlaku wae. Sing daktuju Hotel Kembang ing kampung Pangarang. Ing kono pancen akeh hotel mlathi sing murah.

Sepuluh menit mlaku, aku tekan dalan Braga. Tekan ngarep gedhung Land Mark Convention Hall, aku mandheg, lungguh ing undhak-undhakan ngarep lawang Land Mark. Telung tahun kepungkur, ing njero gedhung iki, aku kenal karo Galuh, mahasiswi Jurusan Sejarah Universitas Pajajaran. Aku nyambut gawe dadi staf marketing promosi ing sawijine penerbit buku. Mula, aku mesti menyang Bandung saben ana pameran buku ing gedhung iki. Saka kenalan iku, aku lan Galuh kerep banget tilpun-tilpunan utawa sms. Malah Galuh ya nglegakake menyang Jogja yen lagi prei kuliahe. Cekake, aku pacaran karo Galuh.

Sawetara leren, aku banjur nerusake laku. Jam setengah pitu aku tekan hotel.

“Mangga A’, mangga’, sendirian aja? Mana yang lain?” Pak Udin, penjaga hotel Kembang, pancen grapyak-semanak. Dheweke apal tamu-tamu lengganan, kaya dene aku sakanca saka penerbit-penerbit ing Jogja. Saben melu pameran buku ing Land Mark, aku mesthi nginep ing kene. Murah lan penjagane semanak. Sakwise mbagekake tekaku, Pak Udin gage mlebu kantore njupukake kunci kamar.

“Maaf, Pak, saya pake kamar tiga-tujuh aja.”

“Aduh, kamar tiga-tujuh teh baru aja dipake. Masih belum diberesin.”

“Ga pa-pa, Pak. Diberesin sekarang. Saya tunggu,” aku ngeyel njaluk kamar telu-pitu. Pak Udin kepeksa nuruti. Aku ngetutake saka mburi. “Pak, lukisan yang gambar Rama-Sinta itu kemana?” pitakonku marang pak Udin.

“Kotor… udah diganti, sekarang di gudang,” Pak Udin wangsulan sinambi nglorod sprei reged lan banjur masang sprei anyar, warnane biru laut.

“Pak…, spreinya yang putih aja, Pak. Sama lukisan Rama-Sinta-nya dicari, dipasang sini lagi ya, Pak.”

Pak Udin mlongo nyawang aku. Sajake, panjalukku keprungu rada aneh. Aku mbaleni kandha, lagi dheweke manthuk, lan metu saka kamar.

Sik! Aku kelingan, isih ana siji meneh sing kurang saka kamar iki. Bantal! Ing kene ana bantal loro sing wis diganti kurunge, gage dak-uculi maneh. Jebul iki bantal anyar. “Pak, Pak Udin…,” aku nusul Pak Udin ing gudhang sing manggon ing sisihe kantor resepsionis. “Pak, bantal-bantal disimpen di mana?”

“Ada di kamar barang, di belakang sini. Kenapa gitu?”

Aku gage mlebu ruwang barang. Ana kasur, bantal lan sakpanunggalane. Kabeh dakwolak-walik nganti pating slengkrah. Pak Udin arep nesu ya ben. Pokoke aku njaluk kabeh barang ing kamar kuwi kudu padha karo nalika aku nginep ing kene telung sasi kepungkur.

 “Sudah, Mas Jali, istirahat saja dulu di kamar. Sprei putih sudah saya pasang. Nanti bantal saya carikan yang bersih.”

“Pak Udin saja yang istirahat, biar saya cari sendiri bantalnya.” Wangsulanku rada sinis. Pak Udin malih rupane dadi pucet. Sinambi nggoleki, aku nerangake karepku. Aku nggoleki bantal sing telung sasi kepungkur kena wutahan wedang susu soklat. Wedang susu sagelas sing mrucut saka tangane Galuh, sakwise aku crita bab dhawuhe Ibuku. Pikiranku dumadakan ora jenjem. Kelingan dhawuhe Ibu, kelingan tangise Galuh, lan bantale isih durung ketemu. “Kena seneng karo sapa wae, rabi karo sapa wae. Ning, sing baku kudu wong Jawa asli,” ngono dhawuhe Ibu kanthi suara meh-meh ora keprungu, sebab ibu gerah nemen. Sedina sawise dhawuh kaya ngono kuwi, Ibu seda. Bapak ya nambahi dhawuh. “Yen kowe ngormati Ibumu, ya mesthine panjaluke sing pungkasan kuwi kudu dilakoni.” Rasane kaya dipeksa adus nganggo banyu jarang. “Nah ini, Pak! Bantalnya ganti yang ini, Pak!” Bantale ketemu. Bantal sing reged ndlemok ambane meh separo. Iki mesti bantal sing biyen kena wutahan susu.

Sakwise pak Udin rampung nata kamar, aku mlebu. Isine tas dakbukak. Kaos ireng, jaket abang, lan gelang kayu kastigi dak-anggo. Persis kaya nalika aku ing kamar iki, telung sasi kepungkur. Aku mungggah dhipan lan banjur lungguh sila, nyawang lukisan Rama-Sinta, karo ngekep bantal sing ana tilas wutahane susu. Pikiranku bali metani kedaden wengi kuwi, nalika wedang susu wutah nelesi bantal, nalika luhe Galuh netes siji mbaka siji.

Saiki, patang sasi saka sedane Ibu lan telung sasi saka pedhote sesambunganku karo Galuh. Aku yakin Galuh durung mari lara atine. Aku jane ya ngono, nanging aku ajar ora nggugu karepku dhewe. Aku kudu milih, lan aku milih kelangan Galuh.

Sasi ngarep aku nglamar Yanti, adhi kelasku nalika kuliah sing wis dak-anggep adhiku dhewe. Aku karo Yanti pancen ora nate pacaran. Nanging dhasare jodho, nalika dakguyoni bab ngganteni Galuh, dheweke manthuk lan nyaguhi rabi karo aku, ngrewangi aku nggenepi dhawuhe Ibu sing saiki ing alam kubur, ngenteni kabar ngantenanku karo bocah wadon Jawa asli. Arepa miturutku, kabeh wong kuwi padha, nanging iki dhawuhe Ibu, sing nate toh nyawa nglantarake tekaku ing jagad ngaurip, kudu daksembadani.

Jane tekaku menyang Bandung arep pamit karo Galuh. Nanging aku ora wani, ora kuwawa ngabari rencanaku ngrabi Yanti. Sidane, aku mung arep sewengi turu ing kamar iki, kamar sing dadi seksi tangise Galuh. Kamar sing duwe bukti kagete Galuh, nganti wedang susu coklat ing tangane mrucut, nibani bantal putih, sing tilase ora ilang, kaya tatu ing atine Galuh, sing mesthi wae durung bisa ilang.

Dumadakan suara HP ngagetaku lamunanku.

Mas sampun dugi Bandung? Sampun dugi Hotel? Sampun kesupen hlo! Salam kula kagem Mbak Galuh. SMS saka Yanti. ***

Tinggalkan Balasan

%d blogger menyukai ini: