Kam. Nov 21st, 2019

Degan Ijo

Degan Ijo

Cerkak dening Ahmad Jalidu

Rama dheleg-dheleg ing pendhapa omahe kang magrong-magrong. Ora adoh saka kono, ing bangku taman pinggir kolam renang, Shinta mrebes mili, nangis tanpa kumecap nalika Laksmana menehi pitakon.

“Estunipun wonten menapa, Mbak yu?” Laksmana ngambali pisan maneh pitakone. Shinta panggah ora mangsuli. Mripate sing bening kuwi, malah saya gilap cahyane merga luhe ora bisa kandheg, nganti nelesi pipi. Atine Laksmana saya bingung. Karepe mertamu kok disuguhi tangis Dheweke nyoba nggagapi apa sabab musababe mbakyune ipe kuwi nangis. Laksmana nyeraki Rama, takon ana kedadean apa sing njalari sedulur tuane kuwi padha mbesengut, lungguh dhewe-dhewe, adoh-adohan, kamangka sing wadon nganggo nangis. Nanging, durung nganti keprungu pitakone Laksmana, Rama wis nyegat kanthi ukara sing gawe Laksmana ora bisa mbacutake takon. “Iki urusan rumah tanggane wong liya. Rasah melu-melu. Kowe ki bocah wingi sore. Mesthi wae durung bisa mudheng bab prekara iki. Kowe adhiku, ning ora prelu mbelani aku. Nanging uga aja nganti mbelani mbakyumu, tinimbang gawe panduga sing ora becik. Upamane didakwa kowe arep melik mbakyumu, rak ya ora trima ta?”

Laksmana kaget ing batine, banjur mundur, ninggalake kakangne sing mentas wae nyuara sing ora kepenak ing kuping. Laksmana saya mikir, ana apa sabenere. Dheweke banjur nggoleki Barata, sedulur kwalone, saperlu njaluk katrangan bab apa sing njalari Rama lan Shinta pada neng-nengan, kepara malah gawe tangise Shinta. Barata sing durung mangerteni bab prekara kuwi dadi melu-melu golek katrangan, nanggap wadulane Laksmana.

“Yen Ngono kuwi kepriye Dimas Barata? Kangmas Rama kuwi malah ndakwa aku arep melik Mbakyu Shinta, edan pora kuwi?” ngono wadule Laksmana marang Barata, Adhine.

“Wo.. lha yen kaya ngono kuwi ya pancen edan. Ning… mengko dhisik. Biyen, rikala kowe kuliah, nunut ing kontrakane Kangmas Rama, apa kowe ya kerep ana ing ngomah wong loro karo Mbakyu?” Barata nyoba ngurut-urutake kedadean kang wis kepungkur. Laksmana pancen tau ngenger ing kontrakane Rama lan Shinta. Nalika semana, Rama lan Shinta mentas wae rabi. Rama ora gelem ngganteni bapakne dadi direktur ing perusahaan keluargane sing wis gedhe. Nanging Rama milih pindah ing kutha liya, madeg usaha cilik-cilikan kareben kanggo sinau supaya mbesuk luwih pinter nglakokake perusahaan warisan wong tuane. Karo meneh, nalika semono Kekayi, ibune kualon njaluk supaya Barata sing lulusan perguruan tinggi terkenal, sing ngganteni dadi pimpinan perusahaan. Dene Laksmana sing nembe wae lulus sekolah menengah milih nerusake kuliah lan ngenger ing omah kontrakane Rama.

“Aku kuwi yen mangkat kuliah bareng Kangmas tindak kantore, banjur yen aku bali, mesthi wis sore lan kangmas wis tekan ngomah luwih dhisik. Nanging pancen aku tau ngancani mbakyu ning ngomah wong loro nalika kangmas Rama tindak luar kota suwene seminggu. Nanging aku ora ngapa-ngapa kok. Lha apa aku ki wis malik kiblate yen wani nggodha garwane kakangku dhewe? Apa kowe ya arep ndakwa aku melik mbakyu? Ngono pa priye?” Laksmana rada mengkel awit rumangsa yen Barata melu-melu ndakwa. Barata ora wangsulan maneh, malah klempas-klempus udud karo ethok-ethok mikir. “Aku saiki ngejak rembugan kowe ki merga aku rumangsa yen Mbakyu kuwi kudu ditulungi. Pancen nalika aku lan mbakyu ditinggal seminggu kuwi, Kangmas Rama rada cubriya karo aku, awit aku lan mbakyu katon saya akrab. Hla saiki sajake umat maneh. Karepku ngaruhke kena apa mbakyu kok nangis, malah didakwa melik. Dumeh luwih tua kok banjur sakgeleme dhewe. Mangka jan-jane kangmas Rama kae ya akeh simpenane.”

“Hush!!! Kowe ki malah saya ndadra. Prekarane mau ki apa kok banjur nggladrah kaya ngono kuwi?. Wis… saiki awake dhewe sowan kangmas Rama wae, banjur dirembug sing tenan. Awake dhewe ora kena kejeron anggone cawe-cawe urusan rumah tanggane Kangmas Rama. Sing baku kangmas Rama ora kena ndakwa kowe sing kaya ngono kuwi, uga kudu dielingke supaya masalahe karo Mbakyu Shinta enggal dirampungi. Ayo”. Nom-noman sedulur kwalon kuwi gage mlebu mobil, banjur nggendring tumuju ing omahe Rama. “Mengko kowe meneng wae, tinimbang dadi rame, aku wae sing omong.” ngono wanti-wantine Barata. Ora nganti itungan jam, Barata lan Laksmana wis adhep-adhepan karo Rama ing pendhapa tamu omahe Rama. Shinta melu nemoni adhi-adhine kuwi. Tangise wis ora katon maneh.

“Ora. Aku jane seneng banget, lan maturnuwun dene kowe sakloron adhi-adhiku sing gemati marang kangmas lan mbakyune. Ning iki rak prekara rumah tangga. Prekarane aku karo mbakyumu, sing kowe wong loro ora prelu mangerteni lan ora prelu repot mikirake dalane. Lha wong iki isa tak rampungi dhewe.” Wangsulane Rama sawise Barata menehi pitakonan lan njlentrehake apa sing diwadulake Laksmana.

“Kula mangertos kangmas, nanging kula kuatir awit menika lajeng wonten gandheng-cenengipun kaliyan pandakwanipun Kangmas dhumateng Laksmana menika. Lajeng, kados dereng nate mbakyu menika muwun amargi dipun dukani. Gandheng kala wau mbakyu ngantos muwun, menika lajeng ndadosaken Laksmana lan kula kuatir.”

“Kuatir apa? Rumangsamu aku medok ngono pa piye? Aku mayuh mbakyumu ngono?” Rama genti takon kanthi suara rada dhuwur, nanging raine rada mesem. Barata lan Laksamana ora wangsulan. Wong loro kuwi malah padha thingak-thinguk lirik-lirikan, sajak saya bingung. “Ya wis tak blakakake apa anane ya. Ning aja padha kaget, lan aja padha nggeguyu. Temene iki prekara sepele banget. Siji, aku njaluk ngapura karo Laksamana, yen tembungku awan mau gawe atimu ora kepenak. Awit awan mau pancen atiku rada panas. Ya amarga polahe mbakyumu kuwi”

“Lajeng polahipun mbakyu menika kados menapa ta? Kok saged damel Kangmas duka?” Barata takon rada ngati-ati.

“Esuk mau mbakyumu njaluk degan ijo. Mangka wis jam 9 lan aku kudu menyang kantor sacepete. Banjur aku kongkonan rewang menek wit klapa mburi omah kae. Bareng degan ijo cemepak, mbakyumu ora gelem. Tak semayani mengko awan yen aku bali nyambut gawe. Awane, aku kongkonan rewang maneh, degan ijo cemepak maneh. Lha kok mbakyumu iki saya mbesengut, banjur degane diuncalke kolam renang. Karepe degan ijo kudu aku sing menek, rak kojur aku. Hla aku ki ora bisa menek wit je…” Rama nyritakake kedadean esuk lan awan mau.

“Lha, mbakyu menika kok manja sanget, ngersakaken degan kemawon kedah Kangmas piyambak ingkang mundhut. Menapa benten raosipun kalian ingkang dipun pundhutaken rewang?” Pitakone Laksamana.

“Wong dudu aku kok sing njaluk. Sing kepingin degan ki iki lho.” Wangsulane Shinta sambi ngelus-elus wetenge.  ***

1 thought on “Degan Ijo

Tinggalkan Balasan

%d blogger menyukai ini: