Sab. Mei 8th, 2021

Ngarepake matangpuluh dina

Photo dening : Wawan

Cerita cekak

Dening: M. Ahmad Jalidu

 Ngarepake matangpuluh dina

“Bapakmu kuwi pancen ora duwe agama tenan! Mangka, dheweke kuwi keprenah tuwa. Yen gelem ngelingi umure, kudune wis mertobat, njur tenanan anggone ngendhani bid’ah lan syirik. Ora kok malah saya ndadra.”

Wiwit udakara rongpuluh menit kepungkur, Yono ora leren-leren ngrasani Mardi, kakange. Ora ing ngarepe wong liya. Nanging, ing ngarepe Koko, anake Mardi sing mbarep, umure selawe tahun.

Koko sing diwaduli paklike, mung bisa tumungkul ngrungokake. Bokmenawa Koko wis tanggap menawa paklike lagi ngigit-igit, mangkel marang tumindake bapake.

Temene mono, Koko bisa wae wangsulan lan adu argumen karo paklike, hla wong dheweke mahasiswa semester akhir. Senajan kalah tuwa, mesthine Koko ya ngerti babagan kaya ngono kuwi. Babagan agama lan adat istiadat ing kabudayan, sing dadi mulabukane Yono, paklike, karo Mardi, bapake, padha mungsuhan. Nanging, Koko sajake trima meneng, ngeman paseduluran. Nalare, kepiyea wae, senajan embuh sapa sing luput, Mardi kuwi tetep wae wong-tuwane, lan Yono kuwi ya tetep paklike dhewe.

“Wingi kae, nalika simbahmu seda, bapakmu kok ya ngono. Dadak nganggo slametan nelung dina lan mitung dina. Mangka kuwi ora ana tuntunane ing agamane awake dhewe. Iya apa ora?” Pitakone Yono imbuh methentheng.

“Nggih, Lik,” wangsulane Koko, tanpa nyawang, kajaba sandhal jepit biru sing nemplek dlamakan sikile. “Nanging…, ngaten…,”

“Kowe dudu bocah cilik hlo, Ko!” Yono medhot ature prunane. “Kowe ki rak ya wis pirang-pirang taun mangan sekolahan ta? Kowe calon sarjana hlo!” Krungu suara adan maghrib, Yono mungkasi rembugan. “Wis, maghrib, ayo ndang wudlu, njur  nyang mejid. Aja nganti mung urusan kaya ngene iki ngalang-alangi ngibadahmu. Simbahmu kakung kuwi biyen imame desa kene. Aja ngisin-ngisini kaya bapakmu.”

Yono gage mlebu kamar lan wis metu maneh karo nyangking sajadah, sarung, lan peci ireng kluwuk, banjur mbukak lawang ngarep, mangkat menyang mejid. Koko ngetutake ing mburine. Wong loro mlaku ngarep-buri. Ora ana sing guneman. Kahanane amem. Kepara malah tintrim tumrape Koko. Nanging panas kaya geni mulad-mulad ing atine Yono. Lan bokmenawa semono uga ing atine Mardi, yen ngreti lan krungu apa sing dikandhakake Yono marang Koko.

Jam setengah pitu, Koko wis tekan ngomah. Wengi iku, atine ora tentrem. Apa karepa bapake? Apa karepe paklike? Banjur yen nyoba ninthingi endi sing bener lan endi sing kleru, tansaya ora cetha, tansaya gawe judheg. Kanggo nyapih pikire, Koko nyetel TV, sambi teturon ing karpet abang sing digelar ing ruwang kluwarga.

“Iki tanggal pira, Le?” Swarane Mardi nakoni anake.

“Tanggal selawe,” wangsulane Koko sawise noleh buri lan ngreti bapake wis lungguh ing kursi, melu nonton TV.

“Yen saiki tanggal selawe, mangka matangpuluhe Simbahmu kuwi tibane tanggal 1 Agustus sesuk. Hla wis sida kokpesenke surat Yasin nyang percetakan apa durung?

“Sampun.”

“Njur neng endi lehmu pesen? Rak ora neng percetakane Lik Man, ta?”

“Pundi-pundi sami kebak order. Mung percetakane Lik Man sing saguh rampung saderenge tanggal setunggal. Hla pripun ta?”

“Yen wis kebacut ya wis. Arep kepiye maneh.”

Mesthi wae Mardi kurang sreg yen Koko pesen surat Yasin ing percetakane Lik Man. Awit, Lik Man iku kanca-rakete Yono. Kamangka, Yono mesthi ora sarujuk yen Mardi ngadani yasinan lan tahlilan patangpuluh dina sedane Mbah Kar, Imam mejid desa Giri, sing ora liya, bapake Mardi lan Yono. Sebab, Yono ngugemi panemu yen wong mati kuwi cukup didongakake wae, ora prelu ana pengetan telung dina, pitung dina, lan sapanunggalane.

“Yen mungguhku, sing penting ora lirwa marang Gustine,” guneme Mardi, nelakake panemu marang Koko. “Matangpuluh kuwi isine ya ndongakke wong sing wis mati. Njaluke marang sapa? Ya mesthine karo Gusti. Apa kaya ngono kuwi dianggep ora nyembah Gusti? Karo maneh, jane ya ra apa-apa upamane ora dadak ngundang tangga-teparo kanggo matangpuluh geblage simbahmu. Ning, matangpuluh kuwi wis dadi tradhisine masyarakat desa kene. Kamangka, nalika simbahmu isih sugeng, aku ora nate krungu simbahmu menging wong matangpuluh. Mula kuwi, tinimbang dadi rerasane tangga merga ora matangpuluh, aku milih cucul dhuwit dhewe, senajan paklikmu ora gelem nyengkuyung. Isih luwung kelangan dhuwit tinimbang dicatur masyarakat. Iya apa ora?” Mardi ngatogake anggone ngudhal uneg-uneg, marang anake sing mung lungguh anteng ing sandhinge.

Angin mangsa ketiga mbrobos mlebu jero omah saka lawang ngarep sing isih menga sethithik. Hawane krasa kekes. Jumbuh karo mangsane. Mangsa ketiga.

Koko sing katone malah ora bisa jemjem. Dheweke nyarujuki apa karepe bapakne, nanging Koko uga ora bisa nglerokake Bapakne Cilik. Koko kaya kecepit ing tengah-tengah wong loro kuwi. “Nanging, amargi ngoyak rukun kaliyan tangga teparo, Awake piyambak niki malah dados mengsahan kaliyan Lik Yono. Kamangka Lik Yono niku tunggal getih kaliyan bapak lan kula.” Ukarane Koko gawe atine Mardi rada kaget. Semono uga Bojone ing sandhinge. Wengine saya krasa adhem. Adheme hawa nganti gawe wong telu kuwi ora kumecap maneh, meneng, anteng, ngetutake pikirane dhewe-dhewe.

Dumadakan ana suara pit montor nyerak. Saya cerak, nganti cetha keprungu yen pit montor kuwi mandheg ing latar ngarep omahe Mardi. Koko gage tangi lan mlaku mapag tamu sing durung dingerteni kuwi.

“Weh… kok yah mene ning ngomah kowe Le? Ora dolan pa? Bapakmu ning ngomah ta?”

“O.. wonten… mangga kula aturi pinarak Lik Yono.?” Koko mlebu omah, Yono ngetutke ing mburine kanthi rai sumringah sing gawe pikire Koko tansaya bingung.***

Tinggalkan Balasan

%d blogger menyukai ini: