
Pangarep – Arep
Photo Source : w-dog.net
PANGAREP-AREP
jago kluruk sesautan
mratandhani wayah ésuk
binarung cecruwèting manuk-manuk ing wit-witan
sang bagaskara isih aras-arasen
ramé swarané tetumpakan ing dedalan
pratandha wiwit anané panguripan
dina iki lan dina-dina kang arep teka
sangsaya suwe adoh saka pangarep-arep
murih bisa karanggèh lan karengkuh tangan iki
kekeblaking elar wus ora santosa
kaya gumreguting pangangen-angen
muhung bisa ngèli lakuning wektu
kanthi nyawang saka kadohan
mbaka siji padha lunga ninggalaké papan
sapinggiring kali serayu, 030320130630
Dening : Rochani Sastro Adinegoro